tugas: "pidato bahasa jawa"


  1. PERINGATAN ROJABIYAH
    السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
    اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى جَعَلَ إِسْرَاهُ مِنْ مَكَّةَ اِلَى بَيْتِ الْمُقَدَّسِ فِى لَيلَةِ الْكُبْرَآ. وَاَرْسَلَهُ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا وَدَا عِيًا إِلَى اللهِ بِإِذْنِهِ سِرَاجًا وَمُنِيْرًأ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ أَفْضَلِ الْوَرَى وَعَلَى اله وَاَصْحَابِهِ صَلاَةً وَسَلاَمً كَثِيْرًا أمّا بعد
    فقال الله تعالى فى القر ان الكريم :

    Dumateng poro Bapak, poro Ibu soho hadirin ingkang kulo hormati.
    Sakderengipun kulo matur ingkang bade kulo aturaken mangke, langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng ngersanipun Alloh SWT. Shoho nyuwunaken tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh mugio tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Muhamamd SAW, shoho poro ahli keluargo lan sahabatipun.
    Poro hadirin sedoyo ingkang kulo mulyakaken !
    Pengajian ing saat meniko dalam rangka memperingati dinten ulang tahun Isro’ Mi’roj ipun junjungan kito Nabi Besar Muhamamd SAW. Kini kembali mengenai hal-hal historis revolusi fisik, utawi sejarah perjuanganipun Rosululloh SAW, ingkang panjenenganipun tepat tanggal 27 Rojab tahun 571 M. Dipun aturi kalian Malaikat Jibril, nindaaken perintahipun Alloh SWT, dipun Isro’aken utawi dipun lampahaken dalu, awit saking Masjidil Harom (Mekkah) ngantos Masjidil Aqsho (Palestina). Selajeng dipun Mi’roj aken saking Masjidil Aqso minggah dateng langit ngantos Syidrtoul Muntaha. Ingkang perlunipun dipun sumerapaken dateng pinten-pinten tanda kekuasa’anipun Alloh SWT, shoho nampi kewajiban ibadah sholat gangsal wekdal. Hal meniko dipun jelasaken wonten Al-Qur’an surat Bani Israoil ayat 1 ingkang surasosipun mekaten :

    Ingkang artosipun :
    “Maha suci Allah ingkang nglampahaken dateng hambanipun wonteng ing wekdal dalu, saking Masjidil Harom dateng Masjidil Aqso kang ingsun berkahi kiwo tengene, sa’perlu ingsun tunjukne sebagian tanda-tanda kekuasaan Ingsun. Saktemene Alloh iku Maha Mendengar lan Maha Mengetahui“
    Poro hadirin ingkang kulo hormati !
    Kanti pengajak kulo monggo kanti wontenipun peringatan Isro’ lan Mi’roj meniko, kito tingkataken segala bidang, Monggo Pak, Bu, warga umat Islam, ,lewat peringatan meniko, kito tingkataken No. 1 Bidang Ubudiyah urusan ibadah dateng Alloh SWT, ingkang maksudipun sak sampunipun peringatan Rojabiyah meniko, sampun ngantos wonten tiang ingkang ngaku agamane Islam, anangeng ibadahe taksih plintunan, utawi namun asal kober, menawi boten kober boten ibadah. No. 2 Niat bantu program pemerintah, dalam rangka meratakan pendidikan utawi mencerdaskan Bangsa ingkang maksudipun, saksampunipun peringatan Rojabiyah nimu sampun ngantos wonten umat Islam sing taksih lolak-lolok utawi taksih dereng sadar hidup berorganisasi, hidup bermasyarakat, lan hidup bergotong royong lewat jam’iyah-jam’iyah. Lewat pengajian-pengajian kito saluraken santapan rohani supados umat Islam ngertos endi barang sing Halal, lan endi barang sing Haram. No. 3 Niat demi terwujudipun Akhlaqul Karimah, mewujudkan sopan santun, toto kromo, ingkang maksudipun supados umat Islam saget sesuai antara ucapan lan perbuatan. Sampun ngantos Islam namung dumel akon-akon thok, nanging tumindha’ipun boten sesuai. Mangane boten diatur coro Islam, pergaulane boten diatur coro Islam, nek pados rizki boten diatur coro Islam, meniko sampun ngantos terjadi. No. 4 Niat demi wujudipun pengamalan wajib ingkang dados rukunipun agami Islam.
Terutama pengamalan wajib ingkang dados intinipun utawi hasilipun Isro’ Mi’roj meniko ingkang sampun dipun kumndangaken setiap waktu, wonten masjid-masjid, utawi saben-saben mushollah.حَيَّ عَلَى الصَّلاَةْ
…………. nopo BU…? Inggih meniko sholat gangsal wkedal.
M bok menawi wonten Umat Islam sing dereng nglampahi sholat, mugu-mugi enggalo dipun paringi hidayang dening Alloh. Amergi sholat meniko merupakan barometer utawi alat pengukur dateng pengamalan kito sedoyo. Tegesipun pengamalan kito sedoyo saget sahe utawi boten meniko dipun ukur utawi dipun tingali, kalihan anggenipun ngalmpahi sholat. Kranten dawuhipun Alloh wonten Surat Al-Angkabut, ayat 45 :

Artosipun :
“Sholat iku saget mencegah sangking perbuatan keji lan mungkar“
Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sedoyo pramilo monggo urusan ibadah meniko dipun tingkataken ingkang sa’estu, terutami dumateng putra-putri kito utawi generasi kito sedoyo, meniko kito didik, kito wulang, lan kito arahaken dateng urusan ibadah, sampun ngantos kito umbar, mboten kito arahaken, supados mangke dados generasi ingkang saget berguna tumrap agomo, bongso lan negoro.
Kranten lare meniko saget sahe utawi awon tergantung tiyang spuhipun ingkang mendidik. Dawuhipun bapak kiai :
Senajan wadah gede isi gemuk oli. Panggonane ono ngisro ora aji

Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sedoyo
Nopo maleh wonten ing zaman akhir meniko katah sanget pengaruh-pengaruh sangking arus gamebyaripun dunyo, katah iman ingkang podo kenter ketendang banjir kepuntir-puntir ilmu agama boten kepikir, maksud kulo, banjir kebudayaan-kebudayaan ingkang merusak mental umat Islam.
Kanjeng Nabi naliko Mi’roj sampun diparingi gambaran-gambaran ingkang dados lambang ingkang bade terjadi wonten ing dunyo meniko. Termasuk kanjeng Nabi dipun sumerepi tiyang estri ingkang ayu….teng pinggir dalan celuk-celuk dateng kanjeng Nabi, tapi piambakipun boten mandeg, slajeng dipun tanggledaken dateng Malaikat Jibril, Jibril maringi penjelasan, bilih meniko lambangipun dunyo sak isine, kok menawi panjenengan wahu mandek, tentu umat panjenengan bade milih dunyo sak isine, ninggal perkoro akhirot.
Pramilo meniko manggo manah kedah dipun gembleng, dipun isi iman ingkang kuat mugi-mugi kulo panjenengan benjang sagedo wilujeng dunyo lan akhirat. AMin yaa Robbal a’alamin. Cekap semanten aturan kulo, sedoyo kelepatan nyuwun angunging pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته








  1. PENGETAN DINTEN KARTINI


    Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
    Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
    Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
    Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
    Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
    Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.
    Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
    Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.
    Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
    Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

















  1. PIDATO HARI ULANG TAHUN KEMERDEKAAN RI
    السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
    اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ اَنْعَمَنَا بِالْحُرِّ يَةِ وَحْدَهُ. وَالَّذِيْ صَدَقَ و عْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاَحْزَمَ اْلاَحْزَابَ وَحْدَهُ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ لاَ نَبِيَ بَعْدَهُ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَ رُشْدَهُ أمّا بعد.

    Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !
    Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Alloh SWT. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.
    Ingkang kaping kalih mugio tambahipun Rohmat lan salam bahagia Alloh tetep dipun limpahaken dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun.
    Kaping tigonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.
    Poro rawuh ingkang kulo hormati !
    Alloh SWT sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an
    وَ اِنْ تَعُدُّوا نِغْمَةَ اللهِ لاَ تُحْصُوْ هَا
    Ingkang artosipun :
    “Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung“
    Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Alloh ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.
    Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
    Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat sifat Rohman Rohim Alloh SWT, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.
    Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !
    Pramilo kito kedah bersyukur dateng Alloh SWT ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan, lan Ridho Alloh.



    Kranten Alloh sampun berjanji wonten Al-Qur’an surat Ibrahim ayat 7
    لَئِنْ شَكَرْ تُمْ لاَءَ زِيْدَ نَّكُمْ وَلَئِنْ كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَا بِى لَشَدِيْدٌ
    Ingkang Artosipun :
    “Demi yekti lamun podo gelem syukur siro kabeh marang nikmat-Ku, mangko Ingsun nambahi nikmat maring siro kabeh. Lan yekti lamu siro kufur maring nikmat-Ku, mangko saktemene sikso-Ku iku banget …….”
    Poro rawuh ingkang kulo hormati !
    Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Alloh, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Alloh SWT. Amin-amin yaa Rabbal alamin.
    Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
    Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun Ulama rumiyin…..
    لَقَدْ غَرَسُوْا فَاءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا
    Ingkang Artosipun :
    “Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasa’ake marang jasa lan sa’temene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.

    Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
    Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro AMin yaa Rabbal alamin.
    Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.
    Masang pulut ning duwur cemoro
    Menawi luput kulo nyuwun ngapuro
    و بالله التو فيق و الهداية
    والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
    بخط الفقير مفرو حين
    بن منوّ ر الجفسى






  1. PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON
    السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
    اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِدِيْنِ اْلاِسْلاَمِ وَاْلاِيْمَنِ وَجَعَلَ شَهْرَ رَمَضَانَ وَسْيْلَةً فِى نَيْلِ الْغُفْرَانِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلِ اْلاِنْسَان. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْمُتَمَسِّكِيْنَ بالْقَرآن.أ مّا بعد

    Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
    Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.
    Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.
    Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :

    Ingkang artosipun :
    “Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa” (Al-Baqarah : 183).

    Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.
    Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata
    صَوْمٌ ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.
    Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum (
    صُمْتٌ) ingkang artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
    No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (
    وَرَعٌ) utawi Wiro’i. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara’.
    No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (
    مَلَكٌ) ingkang artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.
    Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :
    مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَا بًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
    Ingkang artosipun :
    “Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”
    Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin.
    و بالله التو فيق و الهداية
    والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

  1. PIDATO PERINGATAN MAULID NABI
    السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
    الحمد لله الذى أَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ وَأَرْسَلَ رَسُوْ لَهُ عَلَى كَّا فَّةِ اْلاُمَمِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ اْلاَنَمِ. وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أمّا بعد. فقال الله تعالى فى القر أن الكريم. وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلاَّ رَحْمَةً لِّلْعَالَمِيْنَ.
    Hadratul Mukarromin, Poro Ulama’ul amilin. Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati.
    Lewat suasana ingkang indah, cerah, terang benderang ing saat meniko, monggo kulo lan panjenengan sedoyo jaler-estri, enom-tuwo sami muji syukur dateng Alloh Kang Maha Kuoso, ingkang nitahaken poro menungso, soho ingkang paring patrapan lan sikso, dumateng tiyang ingkang nglampahi duso, ingkang boten purun tobat, getun lan nelongso, soho boten purun sholat lan poso, mugi-mugi kulo panjenengan pinaringan iman ingkang kuat rusho, sehinggo saget nglampahi perintahipun zat kang murbo waseso, Akhiripun pinaringan gesang aman, damai lan sentoso, Amin yaa Robbal Aaalamin.
    Ingkang kaping kaleh, mugiyo Rohmat Alloh lan salam, selali dipun limpahaken dateng kanjeng pejuang Islam, Nabi pemimpin arab lan Ajam, ingkang beto umat manusia saking masa ingkang murko, bengis lan kejam, menuju masa damai, aman lan tentram, yakni masa jahiliyah menuju masa Islamiyah.
    Poro Bapak, Ibu, Hadirin sedoyo !
    Ingkang kaping tigonipun kulo matur nuwun dumateng sederek pemimpin acara, ingkang sampung paring wekdal dateng kulo. Mugi-mugi, wekdal meniko saget kulo gunakaken sak sahe-sahenipun. AMin
    Poro Bapak, poro Ibu ingkang kulo hormati !
    Berbicara tentang peringatan “Maulid Nabi”, meniko sampun boten terpandang asing wonten kalangan umat Islam. Sebab pancen sampun dados keharusan, utawi dados hal ingkang perlu, tumrap umat ingkang dipun pimpin meniko mengenang utawi melestarikan sejarah seorang pemimpinipun.
    Lha panjenenganipun Rasulullah SAW, meniko setunggalipun pemimpin ingkang sukses perjuanganipun sampun sukses membangun umat manusia saking zaman jahiliyah menuju zaman islamiyah. Hal meniko terbukti wonten kitab-kitab Tareh, wonten kitab Al-Barzanji, wonten sejarah-sejarah Islam, bilih zaman sak derengipun kanjeng Nabi lahir keadaan alam gelap gulita. Menungso dereng mengenal sinten Tuhan ingkang wajib dipun sembah. Taksih katah tiyang ingkang menyembah berhala, menyembah hewan, kayu, watu lan sajenisipun. Saben dinten sami permusuhan, tukar padu, nopo malih, nasih qoum wanita katah ingkang lahir dipun pejahi urip-uripan. Menungso boten mengenal perkemanusiaan. Boten mengenal hukum agama, selajeng kanti sifat Rohman Rohimipun Alloh SWT, wonten ing tengah-tengah kegelapan, meniko dipun terbitaken cahaya ingkang terang benderang, inggih meniko tepat wonten dinten Isnen tanggal 12 Robiul Awwal tahun Fil, utawi tahun Gajah Alloh nglahiraken seorang Rosul supados paring tuntunan, lan membawa Rohmat bagi umat seluruh alam. Terbukti wonten Al-Qur’an surat Al-Anbiya : 107

    Ingkang artosipun :
    “Lan ingsun ora ngutus siro Muhamamd kejobo menehi Rohmat tumrap umat semesta alam”
    Poro Rawuh sedoyo ingkang kulo hormati !
    Pramilo wonten ing kesempatan meniko, kanti kedatangan wulan maulid meniko, monggo kito nglahiraken roso bungah, kito tingkataken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken anggen kito syukur dateng Alloh SWT. Lan minongko kangge mbuktekaken rasa cinta kito dumateng Rosululloh SAW, kito kedah selalu ngatah-ngatahaken amal kesahenan, berkorban harta benda kangge kepentingan agama Islam. Lan ugi kito kedah sering maos Sholawat Nabi, menyebut asmane kanjeng Nabi, soho kito kedah selalu menjaga lan melestarikan sareat utawi ajaranipun, kranten kito sebagai umat ingkang dados ajaranipun. Keranten kito sebagai umat ingkang mengharap syafatipun benjing ing dinten qiamat, meniko syaratipun kedah cinta kanjeng Nabi. Kados dawuhipun kanjeng Nabi :
    مَنْ إِعْتَنَى مَوْ لِدِيْ وَجَبَتْ لَهُ شَفَا عَتِى
    “Sing sopo wonge gelem nemen-nemeni dino kelahiranku mangko tetep oleh syafaatku“
    Poro rawuh ingkang kulo hormat !
    Pancen tiyang niku menawi cinta kedah netepi rukun telu
    (
    اركان المحبّة ثلا ثة)
    Rukunipun cinta meniko wonten tigo
    Tiyang cinta meniko kedah rela berkorban harta benda. Berkorban demi cinta, tanpa korban cinta sia-sia.
    Tiang cinta kedah selalu eling lan nyebut asmane ting ingkang dipun cintai, enjing sonten, siang ndalu, selalu emut lan nyebut-nyebut
    Tiang cinta kedah purun nyocoki lan derek tingkah laku lan perkataanipun tiang ingkang dipun cintai. Tanpa mencocoki lan mengikuti ucapan lan perbuatanipun, cinta bade timbul perselisihan, ingkang akhiripun timbul kegagalan.
    Poro Rawuh ingkang kulo hormati !
    La’ kito sebagai umatipun kanjeng Nabi menawi kito sampun menyatakan cinta dateng Kanjeng Nabi, meniko kito ugi kedah remen berkorban kangge memperingati dinten maulid ipun Kanjeng Nabi kados ing saat meniko.
    Lan maleh, kito kedah sering mahos sholawat, sebagai bukti remen kito dateng kanjeng Nabi. Soho kito kedah purun nindakaken nopo ingkang dados ajaranipun, lan nebihi nopo ingkang dados laranganipun. Kanti mekaten kolowahu, mugi-mugi ingkang hadir ing majelis puniko sageto tergolong dateng umatipun kanjeng Nabi, ingkang saget nampi syafa’atipun, benjang ing dinten qiamat.
    Poro rawuh, kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo nyuwun agungipun pangapunten.
    و بالله التو فيق و الهداية
    والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

6.PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحْمْدُ لله الّذى سَنَّ لِعِبَادِهِ النِّكَاحَ. وَنَهَا هُمْ عَنِ السِّفَا حِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَ مُحَمَّدٍ الْقَائِلْ : تَنَا كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْا فَإِنِّى مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَمَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ أَمَّا بَعْدُ فَلاَ حَوْلاَ وَلاَ قُوَّةَ اِلاَّ بِا للهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ.

Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung paring rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan ingkang sanget keramat meniko
Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito sedoyo. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang kaping kalih mugiho rohmat ta’dzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sohabatipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat Islam. Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun kanjeng Nabi :
تَنَا كَحُوْا وَتَنَا سَلُوْ فَإِ نِ‍ى مُكَاثِرُ بِكُمُ اْلاُمَّةَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ
Ingkang artosipun :
“Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh“
Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken. Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko, dados syarat syahipun nikah.
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha’ (Nikah
نكح) ing tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko singkatan sangking kata Ni’mat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat. Tegesipun dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan permaisuri.
Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun, benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik, glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget cerito-cerito kaleh garwane
Poro rawuh ingkang kulo hormati !!
Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten Al-Qur’an
الرَّ جَالُ قَوَّامُوْ نَ عَلَى النِّسَآ ءِ
Artosipun :
“Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri“
Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu to’at, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :
خَيْرُ النِّسَآءِ إِمْرَأَةٌ إِذَا نَظَرْ تَ إِلَيْهَا سَرَّتْكَ وَاِنْ اَمَرْتَهَا اَطَا عَتْكَ وَاِنْ غِبْتَ عَنْهَا حَفَظَتْكَ فِى مَالِكَ وَنَفْسِهَا
Ingkang artosipun :
“Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro, lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan bondo siro“
Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur
Lepat luput tetep dadiho sedulur
Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

1 komentar:

ISLAMI mengatakan...

matursuwun gan

Posting Komentar